"Pasa wulan iki rumangsaku kok ora patiya abot, ora kaya tahun sing kepungkur, alhamdulillah. Pasaku bolong mung patang dina, biasa tamuku teka". Bathine Wulan (karo nglamun )
"Lan, Wulan nduk cah ayu mreneo tho, gage iki lho ibu dhang direwayangi, ben ndang mari" Ibu nimbali aku saka pawon.
"Dalem bu"! sautku karo mlayu meyang pawong.
"Iki duk, oncekna brambang bawang, empon-empon iki ya, aku tak marut kambil !" Ngendikane ibu.
Aku gage-gage ngolek lading, lan wijikan kanggo adah. Tradisi keluargaku yen malem riyaya pangangnan wis siap cumawis kanggo malem tabiran neng mushola ngarep omah, turahane kanggo riaya. Olehku ngrewangi ibu wis mari, dadak ona suwora kletok-kletok bayu udan koya diesukake soka langit.
"Duh Gusti, alamat klambi lan celanaku ora garing. Kamongka esuk aku lan konca-konca klas 8 h khususe groupku arep silahturahim neng ndaleme Bapak/ibu guru, sak bubar sholat Idul Fitri, ah ngak kurang akal ...''gremengku
Tradisine wong Indonesia yen riyaya kuwi silahturahim antarane anak lan wong tuwane, tongga teparo, sanak kadang, murid lan gurune, padha asok keluputan, ing dina sing fitri. Tradisi kaya ngono kuwi ora nerak angger-anggere agama.
Lamunanku buyar amergo aku mambu barang sangit, inalilahi wainalilahi rojiun, celanaku gasong, aku lali setliko celana rada mamel. Saka njero omah adhiku nyanyi "Baju baru alhamdulilah, celana kabong alhamdulilah, tidak ada tak apa apa masih ada baju yang lama" karo nguyu ha..... ha ...... mbak Wulan ngak sido riayan, karo mlayu ngedohi aku. (Bahasa Jawa).
1 komentar:
Tulisan memakai bahasa Jawa ya diterjemahkandlam bahsa Indonesia akan lebih bagus
Posting Komentar