Awan iku kelasku bubare rada awan, jam 13.20. Duh wetengku wis ngelih banget ora kuwat ndak ngepet, paribasane sega sak wakul ndak entekne kabeh, ben adhiku lan kangmasku ora tak bagehi.
Sepedaku tak pancal ngeblas 25 menit tekan omah. "Assalmu'alaikum ..... " suaraku rada kalem. "Walaikumsa-lam ". "Bu, masak napa ?". " Yun, nduk, iki mau ibu ora masak apa-apa, ibu mung goreng gereh karo jangan bobor, iku sambele trasi kari engulek, adhimu rada rewel " Ngendikane ibu saka njero kamar.
Impianku buyar byar ... oh Gusti sego sak wakul ……sirna. Gage-gage aku ganti klambi, pisan karo wudhu. Bubar sholat aku ulek sambel trasi trus maem. "Alhamdulilah, enake masakane ibuku ora kalah karo masakan restoran sing kondang ono kuta" bhatinku. Sego sak wakul ngak sido tak amblasne, wedi sunduken. Mas lan adhiku isih kebagihan.
1 komentar:
Salam kenal Bu Guru, jangan bobor karo sambel trasi lawuhe gereh peda wah nikmate. Menu kesenenganku Bu, alhamdulilah sega sak wakul gak sido amblas. Matur nuwun Bu kerso mampir ke Blogku, jok bosen yo...
Posting Komentar